Saturday, 19 October 2013
MC Bahasa Jawa
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الحمد لله الذي فضل بنى ادم بالعلم والعمل والحكم
والصلاة والسلام على سيد ولد عدنان , سيدنا وحبيبنا وشفيعنا محمد صلى الله عليه وسلم
وعلى اله وأصحبه اولى الفضل والكرم قال الله تعالى وهو احكم الحاكمين " ماكان محمد ابااحد من رجالكم ولكن رسول الله وخاتم النبيين " الاية صدق الله العظيم وصدق رسوله الكريم ونحن على ذلك من الشاهدين . لاحول ولاقوة الابا لله العلي العظيم أمابعد
Katur dumateng poro alim poro ulama’ poro kyai sesepuh pinisepuh miwah aji kasepuh wabil khusus dumateng bapak KH.Mas’ud Alwi sangking kudus ingkang kitho ajeng-ajeng berkah tausiyah mauidhoh hasanah ipun.
Dumateng segenap pengurus Ta’mir musolla pondok Al ittikhadussolikhin kalangkung dumateg panjenenganipun bapak kyai kamso ingkang dahat kinurmatan.
Poro tamu undangan dalah poro bapak ibu hadirin wal hadlirat rakhimakumullah.
Kepareng matur langkung rumiyen sumonggo kawulo dereaken manungko pujo atawin puji syukur kunjuk dumateng gusti Allah ingkang moho asih tanpo pilih kasih ,ingkang pemurah pencurah rahmah,
Kanti rahmat kasih sayang ipun khito saged angrawuhi wontenipun pengaosan umum dalam rangka peringatan maulid nabi Muhammad SAW ingkang dipun selenggaraaken keluarga besar musolla pondok Al ittikhadus sholikhin ,mugi-mugiyo Allah paring ridho sahinggo ing wusono saged nuwuhake ilmu ingkang barokah sertho manfaah .Aamin Allahumma Aamin
Sholawat atawin salam mugiyo tansah kasariro dumateng gusti rosul Muhammad SAW ,keluargo,sohabat dalah sak penderekipun ,kanthi berkahipun majlis pengaosan umum dalu puniko mugiyo sak mangke kitho pikantuk syafaatipun Amin ……………
Hadlirin wal hadirat bapak ibu poro rawuh sami ingkang kinurmatan.
Kawulo ngadek wonten ngarso panjenengan sedoyo mboten sanes mung kajibah dados pranoto coro pengaosan umum dalam rangka peringatan maulid nabi Mahammad SAW ingkang dipun selenggaraakaen keluwargo besar jamaah musolla pondok Al ittikhadussholihin.
Wondene menggah rantaman adicoro ingkang bade lumampah dalu puniko ;
Ingkang sepisan pembukaan
Ingkang kaping kaleh tahtimul qur’an beserta tahlil
Ingkang kaping tigo wahosan sholawat al berjanji dalah sejarah hidup rosuliilah SAW.
Sambutan tunggal menangkani acoro kaping sekawan
Minangkani paripurnaning adicoro nun inggih tausiyah atawin mauidhotul hasanah beserta doa
Bapak ibu hadirin wal hadirat ingkang dahat kinurmatan
Menggah acara ingkang sepisan inggih meniko pembukaan, sumonggo majlis pengaosan umum dalu puniko kitho wiwiti serto khitho bikak kanti barokah waosan ummul kitab surat al fatihah , kanthi harapan mugiyo acoro demi acoro saged lumampah kanti lancar wilujeng selamet nuwuhaken ilmu barokah sertho manfaah Aamin ..
على هذه النية بالسلامة والعافية الفاتحة .......................
Matur sembah nuwun
** menggah acoro ingkang kaping …………… nun inggih …………. Ingkan badhe dipun wahos/pimpin/sarirani panjenengannipun ……….. dumatng panjenengan ipun kawuli haturaken.
**matur sembah nuwun
Hadirin………….. al hamdulillah majlis pengaosan dalu puniko saged lumampah kanthi lancar wilujeng selamet naming sak derengipun kitho tutup ,kawulo minongko pranotocoro menawi anggenipun kawulo mimpin wonten kiranging totokromo tumpang suhing boso nuwun sagunging pangaksomo.
أخرالكلام
بالله التوفيق والهداية والرضا والعناية
والسلام عليكم ورحمةالله وبركاته
![](http://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhwUCjLFZlmiquHBoQgbmJaB4GCBfJl327twae1Mz47VRBdI2vOefo88Q4Fgiuo76u6YOpShN8Ye_bxsGB2_6Sf0QVCvedvsjkg7LcBmVf9biucvXQxcYogMtPGNJXQeRE/s220/inbound4608522096789982510.jpg)
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment